Santa Mars

Laki-laki, 18 tahun

Malang, Indonesia

Banggalah pada dirimu sendiri, Meski ada yang tak Menyukai. Kadang mereka membenci karena Mereka tak mampu menjadi seperti dirimu.
::
Start
Windows 8 SM Versi 3
Shutdown

Navbar3

Search This Blog

Tuesday, September 25, 2012

Bedah Cerkak Bahasa Jawa

BEDHAH CERKAK

1) Identitas Cerkak

  1. Irah-irahan : CPNS
  2. Panganggit : Bambang Joko Gambiro

2) Ringkesan/ Wosing crita :

Wonten bocah kang jenenge rada aneh lan nyleneh. Bocah iku jenenge Rawipa Gawu. Jeneng celukane yaiku Wipa. Jebule, jeneng Rawipa Gawu iku cekakan saka ukara Rajin iku winih ing pokok Gawean wurung, kang ngemu teges “Sapa kang rajin utawa pethel, bakal njalari ora ana gawean kang ora kaayaan”.
Wonten pendaftaran CPNS, Wipa melu daftar lan melu ujian CPNS amargi Wipa kepingin dadi PNS. Ananging, Wipa diiming-imingi saweneh wong kang saguh bisa nglulusake anggone ujian CPNS, anggere dheweke bisa nyawisake dhuwit ‘pelicin’ kanggo wong jero, kang gunggungane nganti atusan yuta. Wipa ngedol sawah, kebon, lan pedhete loro kanggo nyawisake dhuwit ‘pelicin’. Wancine pengumuman kang lulus ujian CPNS teka. Jebule, Wipa kapusan. Wipa ora lulus ujian CPNS. Gage-gage Wipa nelpon lumantar nomer HP kang wis dicathet. Ananging banget kuciwane, yen nomer HP kang diarah iku wus ora aktif maneh. Kuciwa, isin, wiring, gegubel mangkel, ambyuk dadi siji. Aku mung bisa ngelus dada banjur ndelok Wipa kang tingkahe kaya wong stress.

3) Unsur-unsur Intrinsik CerkakTema : Panguripan
Paraga lan watake :
1. Paragatama : Rawipa Gawu
    Watake : Becik, gampang diapusi
2. Paraga protagonis : Aku (Bamang Joko Gambiro)
3. Paraga antagonis : wong kang ngapusi Wipa
4. Paraga bayangan :
a) Pakdhe Ngatija d) Mbah Ngali
b) Mbokdhe Ngatija e) Wong-wong desa Bidangan
c) Kang Awang Rebolegi f) Bocah-bocah desa Bidangan
4) Setting
a. Setting wektu : Awan
b. Setting papan : Ngomahku (ngomah Bambang Joko Gambiro)
5) Sudut pandang : Orang pertama
6) Gaya : Fiktif
7) Amanat : Dadi wong kudu kang ora gampang diapusi lan manut pepelige wong tuwa.

0 comments: